Sabtu, 17 April 2010

دُوْعَا صَالاَةْ ضُحَى

اَللّهُمَّ اِنَّ الضُّحَاءَ ضُحَاءُكَ وَالْبَهَاءَ بَهاءُكَ وَالْجَمالَ جَمَالُكَ وَالْقُوَّةَ قُوَّ تُكَ وَاْلقُّدْرَةَ قُدْرَتُكَ وَاْلعِصْمَةَ عِصْمَتُكَ . اَللّهُمَّ اِنْ كَانَ رِزْقِي فِي السَّمآءِ فَاَنْزِلْهُ وَاِنْ كَانَ فِي اْلاَرْضِ فَاَخْرِ جْهُ وَاِنْ كَانَ مُعَسَّرًا فَيَسِّرْهُ وَاِنْ كَانَ بَعِيْدًا فَقَرِّبْهُ وَاِنْ كَانَ قَلِيْلاً فَكَثِّرْهُ وَاِنْ كَانَ حَرَامًا فَطَهِّرْهُ . بِحَقِّ ضُحآئِكَ وَبَهآئِكَ وَجَمَالِكَ وَقُوَّتِكَ وَقُدْرَتِكَ آتِنِيْ مَا آ تَيْتَ عِبَادَكَ الصَّالِحِيْنَ

Doa sholat Duha.
Duh Gusti Allah, sa`temene wektu duha menika duha panjenengan, lan sa`temene keagungan menika keagungan panjenengan, sa`temene keindahan menika keindahan panjenengan, lan kekiyatan menika kekiyatan panjenengan, lan kekuasaan menika kekuasaan panjenengan, , lan pangreksa menika pangreksa panjenengan, Duh Gusti Allah, menawi rizki kula taksih wonten ing langit mugi panjenengan turunaken, lan menawi rizki kula taksih wonten ing njero bumi mugi panjenengan dalaken, lan menawi rizki kula taksih angel mugi panjenengan gampilaken, lan menawi rizki kula taksih tebih mugi panjenengan caketaken, lan menawi rizki kula taksih sekedik mugi panjenengan kathahaken, lan menawi rizki kula taksih haram mugi panjenengan suciaken, Kanthi haqipun wektu dhuha panjenengan lan keagungan, keindahan, kekiyatan, lan kekuasaan panjenengan, mugi paring dhateng kula perkawis kadhos ingkang sampun panjenengan paringaken dhateng para `abdi panjenengan ingkang solih – solih. Ditulis untuk jamaah pengajian Masjid Al Islah ciwet 11/6/09

0 komentar:

.JAJARAN PENGURUS